Hai sobat Brothers...!!!
Pripun kabare, taseh sehat to......
Sak punika kita badhe mbahas bab sesorah jowo...., Mangga...

Pripun kabare, taseh sehat to......
Sak punika kita badhe mbahas bab sesorah jowo...., Mangga...
Assalamualaikum Wr.wb
Nuwun, ingkang kinabekten
para sesepuh pinisepuh. Bapak, ibu, saha rencang-rencang ingkang kinuratan.
Saderengipun sumangga
kita sami ngaturaken puja saha puji syukur dhateng gusti Allah SWT, sahingga
ngantos wekdal punika kula lan panjenengan saget rawuh wonten papan punika
kanti sehat wal afiat. Shalawat saha salam mugi tansah kasarira dening panutan
kita, Nabi Muhammad SAW, saha para kaluarga lan para pendherekipun.
Pamucalan utawi
pendidikan anggadahi manfaat kunjuk kita sedaya, pendidikan umumipun kawitan
wanci satiyang punika dipunlairaken lan tansah mlampah salebeting kita gesang
wonten donya menika. Hal menika amargi pendidikan mboten namung kawujud
pendidikan formal kemawon, ananging langkung saking menika pendidikan ugi njangkep
dening sedaya pengalaman ingkang kita lampahi wonten salebeting gesang.
Sinaosa wanci
menika pendidikan formal sampun kathah dipun cawisaken wonten sekitar kita,
ananging pendidikan ingkang sejatosipun mboten namung saking pendidikan formal
kados sekolah lan perguruan tinggi. Kawontenan menika saestu sanget wigati
tumrap kita sedaya amargi pendidikan anggadahi tujuan kathah kagem kita sedaya,
wondene manfangat pendidikan kirang langkung saget kula aturaken mekaten:
Setunggal,
Ngebaki kebetahan elmi uga pangasumerepan tumrap manungsa.
Kalih,
Nggampilaken pendamelan kita sedaya.
Tiga, Nambah
wawasan ingkang langkung wiyar konjuk pangertosan kita sedaya.
Kanca-kanca
ingkang bagya mulya,
Wonten
ngandap wau namung sekedik tujuan saking pendidikan, langkung malih saking
menika pendidikan ugi nggadahi manfangat tumrap kita sedaya ingkang kirang
langkung kados mekatan.
Setuggal,
Nyiapaken para wiranem konjung nepeng peran tertemtu salebet masyarakat masa
ingkang badhe datheng.
Kalih,
Marisaken elmi ingkang cocog kaliyan peranan kesebat saking tiyang sepuh
dhateng para wiranem.
Tiga,
Marisaken kabudayan kagem njagi katentreman saha kewutuhan masyarakat ingkang
dados syarating mutlak kunjuk kelajengan bangsa lan negari Indonesia.
Para kanca
ingkang kula tresnani,
Mbok bilih
namung mekaten atur kula wonten ngarsa panjenengan sami. Kathah kalepatanipun
saestu nyuwun lilane panjenengan paring pangapunten.
Wasalamualaikum Wr. Wb.
Di tunggu bab yang lain
BalasHapusYang lain ada enggak?
BalasHapusIki apalan opo tenanan hayo
BalasHapusBrothers expert basa Jawa juga ya
BalasHapus